Selasa, 12 Januari 2016

Soal UAS 1 Bhs Jawa Kelas VII KPB Patra Jaya Sirau 2015-2016

Teks ing ngisor iki wacanen kanthi premati, sabanjure wangsulana pitakone kanthi milih wangsulan sing paling bener !
     Lingkungan Hidup Ing Indonesia maune ora ono enceng gondhok. Bareng taun 1894, dening pimpinan Buitenzorg utawa Kebun Raya Bogor, enceng gondhok digawa kanggo nambahi asrine blumbang. Asale lembayung iku saka lembah Amazone, Brazil. Ing kana lembayung ora dadi masalah sebab ana musuh alamine. Mula ora ngremabaka nganti mbingungake.Enceng gondhok ing Indonesia kalebu gulma, thethukulan sing ngganggu. Sebab bareng wis tekan ngendi-endi lebayung iku dadi masalah. Kali gedhe kaya Brantas unpamane mung bisa mili sangisore rungkute enceng gondhok sing oyote kalebu jenis akar geragih dawa sa arat-arat iki. Malah ing kali wonokrama tau saking kandele nganti kena dipanciki uwong.

1.    Gegandhengan karo wacan, pranyata sing bener yaiku….
a. enceng gondok tekan Indonesia amarga anane banjir gedhe
b. enceng gondok diarani uga kembang tanjung utawa terate
c. enceng gondok ing Indonesia kelebu tanduran gulma
d. ing lembah Amazone, enceng gondok uga gawe masalah

2.    Enceng gondok wiwit ana ing Indonesia taun…
a. 1849
b. 1894
c. 1948
d. 1984

3.    Bab-bab sing ngrugekake kanthi anane lembayung yaiku….
a.    mbupeti ilining banyu ngrusak sesawangan
b.    godhonge marakake penyakit kulit
c.    godhonge sing enom bisa dipangan
d.    nyebababke banyu kali dadi butheg

4.    Tema saka wacan ing dhuwur yaiku….
a.    Linkungan hidup
b.    Kepahlawanan
c.    Kasusastran
d.    Kesehatan

5.    Manut panaliten, kajaba ngrugekake enceng gondok uga bisa migunani, yen mengkono,
sing bener yaiku…..
a.    aja mung gelem untung, kudu gelem rugi
b.    samubarang iku mesthi ana untung lan rugi
c.    lembayung kena kango kerajinan, obat lan pakan tenak
d.    lembayung becike diilangi bae

6.    Wiwit sasi Pebruari 2006 iki Pemerintah kota Surabaya bakal nindak tegas sapa bae seng mbuwang sampah sembarangan. Pemkot urabaya bakal ndendha nganti 5 yuta utawa kurung paling suwe telung sasi marang sapa bae sing kebukten mbuwang sapah sembarangan. Peraturan iku mau wis dadi peraturan daerah (Perda) lan wis diwartakake kanthi cara masang pengumuman ing pusat-pusat keramaian sesasi lawase.
Saka kutipan ing dhuwur gagasan pokok yaiku….
a.     wiwit Pebruari 2006 Pemda Surabaya bakal nindhak tegas sapa bae sing mbuwang sampah sembarangan
b.    Pemkot Surabaya ndhendha 5 yuta utawa kurungan 3 sasi
c.    peraturan iku mau wis saka Perda
d.    Pemda wis masang pengumuman sesasi lawase
7.    Mula wiwit saiki, ati-ati yen mbuwang sampah, aja sembaragan. Sebab bisa dadi pekulinan sing ora becik. Lali-laline, bisa-bisa kena ukum di ukum kurungan telung sasi.
Gagasan pokok ing pada ndhuwur yaiku….
a.    pakulinan kang ora bacek
b.    lali-laline bisa kena dhendha
c.    kurungan penjarane 3 sasi
d.    wiwit saiki aja mbuwang sampah sembarangan

8.    Kabeh temboke dicet putih resik. Gambar-gambar ing temboke di tata apik banget. Pegawene pada mlaku cepet, or ana sing alon-alon. Seragame padha karo kelire cet, putih nganti tekan sepatune. Sedhela-sedhela keprungu swarane gledhegan, tangise bayi lan sambate wong kelaran. Saka gambaran ing dhuwur bisa diweruhi yen iku nyritakake….
a.    rumah sakit
b.    omah kosong
c.    kamar mayit
d.    sekolahaku

9.    Dongen iku kalebu crita rakyat kang diwarisake kanthi cara….
a.    langsung
b.    lisan
c.    batin
d.    meguru

10.    Dongeng iku penting banget kanggo ndhidhik lan mulang, sebab ing dongeng iku akeh….
a.    pitutur becik
b.    grohe
c.    mantrane
d.    jopa-japune

11.    Salah siji kang narik saka dongeng yaiku….
a.    isine dongeng bener kabeh, sejarah
b.    isine crita kabeh ora bisa dinalar
c.    juru dongenge wis tuwa kabeh
d.     ana paraga lan kedadeyang sing aneh

12.    Nganti saiki dongeng dadi alat kang ampuh kanggo mulangake…
a.    matematika
b.    basa jawa
c.    budi pekerti
d.    sejarah

13.    Crita dongeng iku bisa kagolongake…….sebab mujudake ekspresi budi dayaning manungsa kanthi basa tulis lan lisan, serta ngemu kaendahan
a.    sastra
b.    klenik
c.     laporan
d.    geguritan

14.    Dongeng tumrap masyarakat Ponorogo kaya ing ngisor iki, yaiku….
a.    Sawonggaling
b.    Banyuwangi
c.    Reyog
d.    Arya Damar

15.    Piweling kang ana ing crita Arya Damar yaiku….
a.    dadi wong ora perlu jujur
b.    kudu tresna marang kewan
c.    widodari yen adus ing bumi
d.    kudu jujur lan bisa dipercaya

16.    Kegiyatan wawancara niku nggadhahi tujuwan pados….
a.    pawarta lan katrangan
b.    rekaman
c.    tema
d.    pawarta

17.    Sakderengipun nindakaken wawancara ingkang kedah dipun temtokaken….
a.    alat rekamipun
b.    tema lan tujuwan
c.    rencangipun
d.    buku lan tasipun

18.    Tiyang ingkang dipyn wawancarani dipun sebut….
a.    pakar
b.    guru
c.    nara sumber
d.    tukang

19.    Basa ingkang dipunginakaken nalika wawancara kedah manut….
a.    unggah-ungguh
b.    nara sumberipun
c.    ingkang wawancara
d.    ingkang ngutus

20.    Nalika wawancara, menawi wonten ingkang dereng dipun mengertosi kedahipun….
a.    nangletaken malih supados ngertos lan gambling
b.    dipun liwati kemawon, boten sisah dipun laporaken
c.    diun kintenkinten piyambake mawon, mesthi leresipun
d.    dipun tangletaken benjing mawon menawi kepanggih malih

21.    Ginanipun alat rekam, kamera photo ing wawancara inggih punika….
a.    kangge kenangan
b.    supados nara sumber remen
c.    kangge bukti wawancara
d.    supados katranganipun kathah

22.    Nalika wawancara boten kenging….
a.    ngasta alat rekam
b.    nyepokaken cathetan pitakenan
c.    sopan, andhap asor
d.    nangkletaken bab ingkang kirang sae

23.    Tumrap tiyang jawi, tindak-tanduk, ngendika, ngagem busana, punika wonten….
a.    unggah-ungguhipun
b.    tata kramanipun
c.    caranipun
d.    panggenanipun

24.    Tuladhanipun basa ngoko lugu inggih punika….
a.    panjenengan apa arep tindak, Mas?
b.    panjenengan dalemipun pundit?
c.    aku nduwe pitik telu, kabeh lemu-lemu
d.    kula ajeng kesah teng meduten

25.    Panggenipun tembung, pitakon ingkang leres inggih punika….
a.    sinten reginipun computer punika, Mas?
b.    kados pundit caranipun nanem apel?
c.    ing pundit salak pondoh sakilonipum
d.    punapa rawuhipun Mas Daru?

Sumber : http://id.scribd.com/doc/16907775/0809-UAS-Ganjil-Bahasa-Daerah-Kelas-7
By Admin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar